OMAH JOGLO
Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane, omah joglo mung diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga omah joglo butuhake material kang akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih. Nanging Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki.
Omah iki duweni keunikan yaiku payone kang dhuwur lan duweni soko wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan lan tumpang sari kang wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ciri khas liane yaiku duweni payon kang dhuwur kaya gunung.
Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian. Bagian kaping siji yaiku ruangan kanggo patemon kang kasebut pendhopo. Bagian kapindo yaiku ruang tengah utawa ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut pringgitan. Bagian kaping telu yaiku ndalem utawa omah jero, kanggo ruang keluarga. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaitu senthong kiri, senthong tengah, lan senthong kanan.
Pendhopo duweni fungsi kanggo namppa tamu. Struktur bangunan pendhopo migunaake umpak kanggo alas soko, 4 soko guru (tiang utama) duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 soko pengarak. Uga ana tumpang sari yaiku susunan balik kang disangga soko guru. Biasane, tumpang sari ana ing pendopo bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa, tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.
Dalem yaiku pusat ing omah joglo. Fungsi utamane kanggo ruang keluarga. miturut pola tata ruang, dalem duweni prabedan ing duwuring pondasi, saengga membagi ruang dadi 2 area. Ing pondasi kang luwih dhuwur digunakake panggon mlebu metune udara, ing bagian kang luwih cendhek digunakake ruang keluarga lan senthong.
http//holesciences.blogspot.com/2017/04/deskripsi-rumah-adat-joglo-dalam-bahasa.html?m=1
GEGURITAN
A. Pengertian Geguritan
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.
B. Ciri - ciri geguritan
Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :
duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra
duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
duweni bahasa ingkang endah lan mentes
Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan
C. Unsur - unsur intrinsik
Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
Tema
Bahasa kang endah
Judul Geguritan
Diksi
Citra
Purwakanthi
Amanat kang ono ing jero ne geguritan
D. Jenis - jenising Geguritan
Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran
E. Syarat syarat maca Geguritan
Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :
Wirama --> Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
Wicara --> lancar orak e moco geguritan
Referensi: http//tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html?m=1
GAMELAN
Tuduhaké menu pokok
Wikipedia
Golèk
Gamelan
Waca sarana basa liyané
Unduh
Awasi
Besut
Saperangkat instrumen Gamelan
Gamelan iku kagunan musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia mligi ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.[1] Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa ya iku "gamel" kang duwé makna "tabuh".[2] Isi gamelan iku saprangkat piranti musik kang dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan.[1] Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané.[1] Jinis musik tradhisional liya kang mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.[2]
Gamelan duwé melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis.[2] Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa.[2][butuh sitiran] Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan iliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.[2]
Gamelan kalebu pérangan ing kabudayan Jawa.[2] Ing Jawa gamelan lumrahé kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, jogèd, uyon-uyon.[2] Jinisé laras ing gamelan ana loro ya iku laras pélog lan laras sléndro.[2] Saben sèt gamelan duwé instrumén kanggo laras pélog lan sléndro.[2]
https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Gamelan
KEBAYA
Identifikasi
Kebaya yaiku blus tradisional kang di enggo wong wadon ing Indonesia. Kebaya digawe saka bahan kang tipis lan biyasane dienggo karo sarung slendhang, Jarik utawa Bathik. Kebaya uga kena dienggo karo songket lan klambi tradhisional liyane. Kebaya asale saka tembung arab abaya kang tegese kebaya sandhang. Sadurunge taun 1600 ing Pulo Jawa, kebaya mung dienggo karo kaluwarga krajan. Ing jaman jajahan Belanda wong Eropa banjur nganggo kebaya. Kebaya dadi klambi resmi. Kebaya banjur di variasi bentuk lan motife, ana kang nganggo kain sutra, nganggo sulaman werna-werna. Saiki kebaya uga dhimodifikasi karo rok lan clana jean. Kebaya uga nduweni model kang werna-werna. Ana kang simetris lan asimetris. Kebaya dimodifikasi karo payet,bordiran, lan renda-renda. Saben dhaerah ing Indonesia nduweni kebaya khas dhewe dhewe kayata Kebaya Jawa, Kebaya Bali, lan liyan-liyane.
Klasifikasi
Kebaya Jawa kaperang dadi 2 yaiku Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta. Dene kebaya iku uga ana kebaya jenise tradhisional lan modern. Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta nduweni ciri kang dadi pambeda yaiku ing bagean kerah. Ing Kebaya Solo nduweni kerah kotak (kutu baru) dene kebaya Yogyakarta nduweni kerah bentuk V. Kebaya tradhisional inggih punika kebaya kang nduweni model klasik utawa durung ana modhifikasi lan nduweni kesan sederhana. Dene Kebaya Modern inggih punika kebaya kang wis ngalami perkembangan jaman saiki lan nduweni model maneka warna.
Deskripsi Bagean
Kerah Bentuk Kotak (Kutu Baru)
Kebaya Solo
Kerah bentuk V
Kebaya Yogykarta
Model kebaya tradisinonal nduweni bentuk klasik lan sederhana
Kebaya Tradisional
Model Kebaya modern nduweni bentuk kang wis di modifiksi ngikuti perkembangan jaman.
Kebaya Modern
Kebaya nduweni lengen kang dawa, biyasane dienggo karo ngisoran kang dawa. Kebaya iku sandhangan kang khusus dienggo wong wdon. Kebaya biyasane dienggo ing acara resmi kayata ngantenan, resepsi, kartinian, lan acara acara penyambutan tamu agung. Kebaya biasane dipasangake kro jarik utawa kain kang mblebet awak. Kain iku nggawe wanita sing nganggo kagelan anggone mlaku. Iku sebabe wanita jawa identik karo pribadhi kang lemah lembut. Kanggo wanita Jawa, kebaya ora namung sewates busana. Ananging, kebaya uga nduweni filosofi nilai nilai panguripan. Wujud busana kang sederhana bisa dadi wujud kasederhanaan masyarakat Indonesia. Nilai filosofi kebaya yaiku wujud kepatuhan, kealusan, lang unggah-ungguh serta budi pekerti luhur wanita ingkang sae.
http://lilis-mardiana.blogspot.com/2018/12/contoh-teks-deskripsi-kebaya-dalam.html?m=1
SERAT WEDHATAMA
Serat Wédhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunagara IV kang lair kanthi asma Radèn Mas Sudira ing dina Senin Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa taun Masehi 3 Maret 1811. Tembung Serat Wédhatama dumadi saka telung wanda, ya iku: serat, wédha lan tama. Serat, tegesé tulisan utawa kasusastran, wédha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama, dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duwèni pangertèn: siji susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripé manungsa. Serat Wédhatama kalebu salah siji susastra Jawa kang banget misuwur lan unggul mligi ing babagan reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé manungsa. Miturut babon kang tinemu ana ing Ngayogyakarta, Serat iki kaya-kaya isih cedhak karo babone kang asli Pangkur.[1].
Serat Wédhatama gadhah 14 pada (Tembang Pangkur), 18 pada (Tembang Sinom), 15 pada (Tembang Pucung), 35 pada (Tembang Gambuh), lan 18 pada (Tembang Kinanthi).
https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Serat_W%C3%A9dhatama

Good good
BalasHapusApik mni
BalasHapusHa,a ha,a
BalasHapusMembantu kak
BalasHapus